Liyane Hukuman Pidana Foto Pemerkosa Kudu di Sebar eben Kapok

Kabeh pemerkosa kudu olih hukuman sosial walaupun wis olih hukuman pidana, foto rai pelaku kudu di sebar ning public eben masyarakat ngerti kaya raine pelaku perkosaan sadis kuwe. "ning ke negara liyane asline ana sing wis mein social punishment, kiye di mein dalam bentuk nyebarna foto ning ruang public," Jare Menteri Sosial Khofifah indar parawansa, pas di temuni ning sela kunjungan maring Rejang lebong, Bengkulu.



selain nyebar fotone pelaku ning tempat umum, hukuman tambahan kaya kebiri juga perlu di tambahna. hukuman kiye dipercaya bisa ndadekna jera para pelaku. kiye kuwe tambahan hukuman. bisa dalam bentuk zat kimia sing bisa nuruna syaraf libido variatif 10, 12 ana juga sing 15 tahun.

"proses saiki juga lagi di korrdinasikna dening menko PMK, maring draf perpu kebiri. dewek kiye lagi nunggu paraf sing masing-masing kementrian, ana 2 draf ning kono. ana sing terkait karo saraf libido atawa di kebiri, sing nganggo cara ngolesna cairan kimia ya ana ning draf pemberatan, artine pemberatan hukuman selawase urip mbuh hukuman mati ning di kenakna hukuman berlapis" Jare Khofifah.

Kasus perkosaan maring anak di sebabna dening beberapa faktor pemicu kaya vidio porno, nginung-nginungan ciu. DPR be di jaluki ben melu gawe regulasi tentang mbatesi ciu.

"Enyong pengin nyapekna maring pansus Minol ( Minuman Beralkohol ) ning DPR, yuh bareng-bareng ndeleng ekses minol sing kemungkinan ndadekna kekerasan seksual karo sing nyebabna kematian. eben pansus ora segan-segan gawe regulasi sing sifate imperatif tok " Jare Khofifah.

Ibu menteri ya nglakuknan wawancara karo ke 12 pelaku pemerkosaan lan pembunuhan sadis kuwe, salah sijine. ndopokane bu menteri karo pelaku kuwe berlangsung tertutup sekitar rongpuluh menih ning mapolres lembong.

"Enyong takon maring bocah-bocah sing di identifikasi sebagai pelaku, apa iya kae sing nglakukna perbuatan kuwe pas di pengaruhi nginangan ciu,? jawabe bocah-bocah monine 'IYA', Jare Khofifah".
"Dadi dewek kudu golet oyot-oyot masalah, sering kae bocah ngakses video porno nganggo handphone lan kiye ora di ngerteni dening wong tuane"Jare Khofifah.

"bu menteri juga ngutip sing di lakukna dening KPAI karo yayasan buah hati, tentang duwure angka bocah usia smp lan sma sing ngakses film porno. bener-bener medeni. Hasil survei KPAI, akses bocah-bocah maring pornografi anjog 97 persen, terus survei Yayasan Buah hati jare nganti 92 persen. bahkan bocah SD be wis bisa ngakses pornografi" Jare Bumenteri.

Weruh duwure akses bocah-bocah maring konten video porno ning internet, khofifah ngomong, kiye tugas tambahan nggo kementrian komunikasi lan informatika. sawise nemoni karo pelaku pemerkosaan, khofifah ngunjungi umah keluarga YN korban pemerkosaan lan sekalian ziarah maring makame korban.

No comments:

Powered by Blogger.