Jokowi Gawe TNI AL Trenyuh Kapal Selam Impian Indonesia Wis Duwe

Anggota komisi siji DPR, Sukamta kandah rencana pemerintah tuku kapal selam kelas kilo gawean rusia, patut di dukung. kapal selam kilo kuwe nama kelas sing di mein dening nato nggo kapal selam militer nganggo tenaga diesel gawean rusia. nggo wujudna kuwe, DPR apan ngelolosna anggaran tambahan TNI gedene sampe Rp. 35 Triliun.




"Sing jumlah kuwe, sekitar Rp.14 Triliun nggo TNI Angatan Laut (AL). kiye nominal paling gede di banding karo TNI Angkatan darat lan TNI Angkatan Udara,"Jare kandahe Sukamta.

Relatif gedene alokasi anggaran nggo TNI AL jarene sesuai karo letak geografis wilayah Indonesia. "Indonesia kiye negara maritim. sekitar pitungpuluh persen wilayahe kuwe laut. dadi memang kemanaan laute kudu du prioritasna. dadi intine semangate kiye sing kudu dewek dukung, sebab dewek kabeh pengin duwe kekuatan pertahanan ning laut sing mumpuni lan di segani,"tegasi mening dening Sukamta.

kae njelasna, kapal selam kelas kilo sing rusia kuwe kapal sing paling canggih waktu kiye,"dadi kiye mesti impian TNI AL eben nduweni. pada karo pesawat sukhoi SU-35 sing dadi ngimpine TNI AU" Tandase politikus PKS kiiye.

nduweni alutsista canggih, bisa ndadekna wedi negara-negara liya terutama negara tetangga."dadine dewek bisa di segani ning lautan. apamaning sedelat maning dewek ngadepi pasar bebas," Jarene.

durung maning konflik ning tiongkok selatan, wis dadi bom waktu dadine pertahanan lan kemanan ning laut wis dadi kepepet sing kudu di penuhi. "Enyong ngarep pemerintah wis mikir mateng-mateng tentang rencana tuku kapal selam kelas kilo kiye. termasuk sing kudu di pastikna kuwe ukurane, apa wis sesuai karo wilayah indonesia, terlalu gede apa ora."

No comments:

Powered by Blogger.